Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/297

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

32.Wewangsulan sangking Pengging,
tinampan maring jeng sultan,
lan sampun katur ature,
mangkana serat binuka,
maring srinaranata,
sinukmeng wardaya prabu,
tembunge angraras driya.

XXII


1. Punika kang serat tulus mijil,
sangking katartanton,
ing tyas ingkang terus ing kasucen,
pinaesan kalawan pepuji,
saha kurmat taklim,
ingkang tanpa putus.

2. Sangking pun kakang Ki Gedhe Pengging,
ingkang dahat bodho,
ingkang ina sewu kainane,
santri pekir langip dama miskin,
papa tanpa budi,
kabudayan pugut.

3. Ing mangke kang saweg den sinungi,
tyas nandhang wirangrong,
duka-cipta tan wrin wratmakane,
kaatura ing srinarapati,
ingkang angrenggani,
ing Demak praja gung.

4. Ingkang dadya Kalipahing Nabi
dutaning Hyang Manon,
ingkang angreh Tanah Jawa kabeh,
amengku reh samoaning dasih,
kang sampun antuk sih,
ing Yang Mahaluhur.

295