Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/296

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

Kyai Geng alon wuwuse,
lah duta iki aturnya,
sratingsun wewangsulan,
katur maring sang prabu,
tur sembah duta pangarsa.

28. Sarwi anampeni tulis,
Kyai Geng malih wuwusnya,
lan matura mring sang katong,
iya samangsanane ya,
pinaringken dening Hyang,
sayekti sariraningsun,
aseba ing srinarendra.

29. Lan matura mring sang aji,
yen ingsun misih sungkawa,
malah awuwuh wirangrong,
tinilar ing guruningwang,
duta samya tur sembah,
lengser sangking ngarsanipun,
Kyai Gedhe Kenanga.

30. Mesat sapraptening jawi,
caraka laju kewala,
sangking ing Pengging lampahe,
datan kawarna semana,
lamine aneng marga,
lampahing duta wewolu,
wus prapta negari Demak.

31. Lajeng manjing dalem puri,
ing ngabyantara narendra,
dinangu marang sang katong,
kaya paran lakunira,
duta matur tur sembah,
solahing dinuta katur,
sarwi ngaturaken serat.

294