Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/295

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

punang caraka turnya,
pan inggih wonten pukulun,
welinge ari paduka.

23. Yen panduka sampun sesthi,
badhe karsa maring Demak,
sakanca kawula kinen,
andherekna jeng panduka,
nadyan enggal lamiya,
amba ngantosi pukulun,
ingkang dados karsa tuwan.

24. Jeng Kyai Geng ngandika ris,
lah duta sira ngantiya,
rong dina ana ing kene,
caraka matur sandika,
nulya sinung pondhokan,
sajawining banonipun,
sinugata dalu-siyang.

25. Binoja-boja menuhi,
sarya sinungan busana,
paselin kinen angangge,
caraka wewolu samya,
anyana antuk karya,
Kyai Geng Pengging puniku,
den sidhep karsa mring Demak.

26. Kuneng wusnya kalih latri,
Jeng Kyai Geng sampun dadya,
denya karya sul-angsule,
serat mring Jeng Sultan Demak,
enjing Kyai Geng lenggah,
munggeng paringgitanipun,
animbali duteng Demak.

27. Mantri wewolu wus prapti,
atarap lenggah ing ngarsa,

293