Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/294

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

tetulung milya ngupaya.

18. Nanging kakang sapuniki,
poma panggiha ing kula,
pan wonten parlu damele,
kula ayun pirembagan,
kakang lawan andika,
sinten kula tantun-tantun,
kajawine kadang tuwa.

19. Sabarang rehing nagari,
sayugya kula tantuna,
lawan kadang tuwa dhewe,
para wayah Majalengka,
sadaya pan taruna,
amung andika kang sepuh,
wayah pambajenge nata.

20. Atmajane ratu sakti,
ing Pengging Handayaningrat,
run-tumurun sami katong,
sayektine kawajiban,
kula jak pirembagan,
samudayaning pirembug,
tindak lakuning nagara.

21. Pema kakang dipun kerid,
ing lampahing duta kula,
punapa ing saesthine,
ing wardaya kula kakang,
kawrat ing dalem serat,
telas kang srat ungelipun,
kadhadha satembungira.

22. Kyai Geng angandika ris,
heh duta apa ta ana,
srinaranata welinge,
kang kajaba sangking layang,

292