Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/293

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

dhatenga maring andika,
sampuning salam wiyose,
kakangmas Kebokenanga,
dahat kularsa- arsa,
ing mangke sampun sataun,
nguni duk kula utusan.

14. Ing wadya sakawan mantri,
animbali mring andika,
kakang anedha sumene,
ngantos panggihe rakanta,
pun kakang Kanigara,
witning lamun tan kapangguh,
pira sung priksa mring kula.

15. Lan dika panggih lan mami,
kula jeng-ajeng kalintang,
ing mangke ta ngantos lungse,
kula tan wrin ing pawarta,
sanadyan awak kula,
puniki sayekti tumut,
kecalan kadi andika.

16. Pinten ta tebihe ugi,
lagya kadang naking sanak,
dereng tumindak wastane,
ing mangke panedha kula,
kakang dhateng andika,
mugi keringa ing kalbu,
kula timbali mring Demak.

17. Sampun andika ngentosi,
ing panggihe rakandika,
benjing pinanggih gampile,
yen andika sampun panggya,
lawan kula priyangga,
sayektine kula tumut,

291