Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/290

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

32. Tuwin tilas pamulanganeki,
sadaya pan kinon,
anengeri kijing maejane,
kadi kubur panyekarireki,
aja milalati,
mring wong mudha punggung.

33. Yata bubaran kang para wali,
sami mring pakuwon,
srinarendra kondur mring purane,
pasamuwan wus bubaran sami,
sapraptaning panti,
tansah brangta wuyung.

{{C|XXI}
1. Wauta Rekyana Patih,
Wanasalam wus utusan,
sakawan mantri kang kinon,
anengeri kang tilasan,
panggenanya Pangeran,
Sitijenar yen manekung,
panepen patapanira.

2. Tuwin pamulanganeki,
binaktan waragad kathah,
tan alami panggarape,
sadaya wus sami dadya,
kuneng gantya winarna,
sagung anak muridipun,
Jeng Pangeran Sitijenar.

3. Samya sungkawa tan sipi,
kagagas-gagas ing driya,
sami ngranuhi susahe,
tinilar ing gurunira,
karantan ing wardaya,

288