Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/291

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

kesthi tresnanya mring siswa.

4. Mila sru kingkinya sami,
kuneng kang samya sungkawa,
gatya ingkang winiraos,
sagung para waliyullah,
kang aneng nagri Demak,
semana wus sami kondur,
mring wismanya sowang-sowang.

5. Tuwin sagung para mukmin,
miwah kang para dipatya,
ingkang amancaprajane,
wus sami mantuk sadaya,
yata kang cinarita,
Jeng Sultan Demak puniku,
enget kagagas ing driya.

6. Mring raka Kyai Geng Pengging,
ing nguni ubayanira,
nganti kang raka panggihe,
Raden Kebokanigara,
kang angikis lunganya,
lan sagarwa-putranipun,
punika sengadenira.

7. Samangsanipun kepanggih,
sareng sebanya mring Demak,
nanging ing mangkya wus lungse,
lamine sampun sawarsa,
mandayeng patembayan,
saking kagagas sang prabu,
cinipta nora pesaja,

8. Nulya utusan sang aji,
mantri wewolu binaktan,
suratira sang akatong,

289