Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/281

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

28.Lah ta babo kabeh-kabeh kancaning wang,
sagunging para Wali,
myang para pandhita,
munduran kaya bocah,
dadak amindho-gaweni,
teka anguntap,
angas denira mamrih.

29.Kalorehan teka kakehan pengalap,
nganggo amemedeni,
maring bocah jabang,
manawa keneng sawan,
saputen gumeter nangis,
apundirangan,
gularapan ngririntih.

30. Eman-eman babo manira wediya,
ing mangke nadyan benjing,
mangsa ta uncata,
lamun wong Sitijenar,
eman-eman awak mami,
asilih aran,
Sunyata Jatimurti.

31. Yen manira kajarah tur siya-siya,
kena ngarahan iblis,
ngur baya matiya,
nguni duk maksih jabang,
tanggung-tanggung kudu urip,
manut ing setan,
ginawa maring sisip.

32. Dene mangke manira keneng tatrapan,
pan sampun ngong andhemi,
mangsa gumingsira,
kinisas ing abahan,
yen oncata wuwus mami,

279