Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/280

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

ing rahsa surasa,
rasa pusering rasa,
ratuning rahsa sakalir,
rasa minulya,
waluya jatimurti.

24. Jeng Susunan ing Kudus runtik sebdanya,
heh yen makaten ugi,
para kekandhangan,
wong angaku Pangeran,
mendhak alingan kaeksi,
kajabariyah,
medheng-medheng ngengkoki.

25. Pekenira kajarah tur siya-siya,
kena ngarahan eblis,
tan wun pekenira,
nempuh bilai dunya,
kena sikuning nagari,
nerak larangan,
ngrerusuhi nagari,

26. Memudani sawake jeng rasullulah,
yekti den ukum pati,
ing benjing Jumungah,
datan kenging suminggah,
sabakdaning salat sami,
para kakisas,
ing Pedhang ingkang mandi.

27. Pangeran Seh Sitijenar sangkin sura,
tan ngangge walangati,
sudira tan taha,
ing netya wuwuh bingar,
sumaringah cahya lungid,
manis wiraga,
mesem sumaur titih.

278