Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/282

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

mangsa nyataa,
nyata trus lair-batin.

33. Jer wus nyata esok nyata sore nyata,
nyata raina-wengi,
datan nganggo mangsa,
nyata inggih sanyata,
nguni mangke miwah enjing,
dhasar sanyata,
sakarsane mastani.

34. Yata wau Kangjeng Susunan Darajad,
ngungun denya miyarsi,
dening antepira,
Pangeran Sitijenar,
tuwin sagung kang miyarsi,
sapasamowan,
jetung ngungun tan sipi.

35. Jeng Susunan Darajad nulya parentah,
binubaraken sami,
anganti Jumungah,
nulya sami bubaran,
maring pakuwonireki,
kuneng laminya,
samana prapteng janji.

36. Ing Jumungah sami pepekan sadaya,
sagunging para Wali,
myang srinaranata,
tuwin para pandhita,
para ulama geng-alit,
para satriya,
punggawa pra dipati.

37. Aneng masjid sawusnya manjing wektunya,
salad Jumungah sami,

280