Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/277

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

babo dene amencit,
begja yen mengkana,
bakal antuk ganjaran,
ing dunya kang luwih adi,
kang pinurwendah,
ing alam sairkabir.

10. Dene mungguh timbalane Jeng Susunan,
Darajad kang pinundhi,
denya sru angeman,
maring badan manira,
palimarma ing ngaurip,
sampun katedha,
sih tresna sang pinundhi.

11. Nanging mangke manira pan datan arsa,
madayeng wuwus mami,
kang sampun kawedal,
kadi saben mangkana,
ananing kawula iki,
pan darmi molah,
kapurba dening Gusti.

12. Saosike kawula tan darbe karsa,
paningal pamiyarsi,
solah muni-muna,
tingkah tanpa iriban,
wasana kang tanpa siring,
sinten kawasa,
pan kahananing Gusti.

13. Amimbuhi mring kahananing kawula,
jumbuh tarik-tinarik,
tetep-tinetepan,
brahi-binaraenan,
anane silih-sinilih,
polah-pinolah,

275