Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/278

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

ing kana apulangsih.

14. Apulangsih sajroning kahananira,
kalimputaning Gusti,
ilang kawulanya,
suh lulud sirna gepang,
kagenten ananing Gusti,
kauripanya,
apan uriping Gusti.

15. Lair-batin pan wua kahananing suksma,
ingkang sinembah Gusti,
Gusti kang anembah,
dhewe sembah-sinembah,
puji-pinuji pribadi,
awewangsulan,
marmane ing ngaurip.

16. Den waspada kasampurnaning uripnya,
urip waluya jati,
jatining agesang,
datan keneng palastra,
saobahing wuluneki,
ingkang salembar,
pan dadya sembah puji.

17. Puniku pan sembah puji sanityasa,
yen wus makaten ugi,
ananing manungsa,
bungah datanpa nyandhang,
tan susah dene tan bukti,
lamun cinendha,
sukanira angenting.

18. Yen anuju kadhatengan pancabaya,
myang panyoba bilai,
gumuyu kewala,
jer tanpa wancak driya,

276