Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/276

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

angrerusuhi nagari,
angrusak sarak,
saksana den timbali.

5. Jeng Pangeran Sitijenar neng kuwunya,
kerit ing duta prapti,
salebeting pura,
sampun lenggah satata,
anunggil kang para Wali,
nulya Susunan,
ing Kudus kang dhawuhi.

6. Heh andika atarnpinya kang timbalan,
risang mahapinundhi,
yen andika datan,
memareni pratingkah,
ingkang anganyar-anyari,
angrusak sarak,
kongas tanpa ling-aling.

7. Sayektine andika kena tatrapan,
kang trus ing dalil kadis,
ijmak lawan kiyas,
datan kenging sumigah,
kukumulah andhatengi,
maring andika,
dene yan kena mari.

8. Sayektine andika angsal apura,
kalawan den wuwuhi,
sagung kapenedan,
ya ta gumujeng suka,
Seh Sunan Jatimurti,
ngentrok wentisnya,
mulat cahyanireki.

9. Muwus alon patitis ladak tembungnya,

274