Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/275

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

tan angeman marang patinireki,
mempeng tan kena rinapu,
ngedheng tanpa warana,
memudani ing sarak agama Rasul,
asring ambuka kekeran,
sura tan sedya ngunduri.

XIX



1. Angandika wau Jeng Sunan Darajad,
yen mengkono ta kaki,
iya wus mupakat,
enggoningsun miyarsa,
lan wus menangi pribadi,
pan datan siwah,
saaturira kaki.

2. Yen tingkahe iya Ki Seh Sitijenar,
anglingkabaken bans,
makewuhi lampah,
tan kena ingalingan,
kena tatrapan sayekti,
ing kukumulah,
yen nora kena man.

3. Jeng Susunan Darajad atari marang,
pra pituwaning wali,
myang para kukama,
pukaha pra pandhita,
myang sagunging para mupti,
sampun muktamad,
yen Pangran Sitiabrit.

4. Keneng kukum, katrapan ing pangadilan,
yen nora kena man,
wus manjing kinisas,
ajwa wet kadedawan,"

273