Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/274

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

angugerana sarak,
tetungguling agama ingkang pinunjul,
sapa kang mukir ing kana,
yekti mukir ing Hyang Widi.

29. Sapa kang mukir maring Hyang,
yekti manggih tatrapaning agami,
tinatrapan lawan kukum,
nora kena suminggah,
Jeng Susunan ing Kudus aris umatur,
maring Jeng Sunan Darajad,
ngaturken solahireki,

30. Pangeran Seh Sitijenar,
denya hanggung kongas mingis sru kengis,
memikis reh kang winungkus,
kawekasaning wekas,
pangangkusing ngilmu pamungkasing tuwuh,
angas kalantur ing tingkah,
tingkahe andhedheweki.

31. Wani anerak larangan,
ing agama sarengat Kanjeng Nabi,
parentah asring siningkur,
mungkir ing tata sarak,
datan kena pinrih ajuning tumuwuh,
tan ayun rukuning Islam.
atilar salat ing masjid.

32. Datan ayun bar Jumungah,
datan ayun amuji lawan dikir,
anrang sipat siku-siku,
ladak tan kena ngendhak,
tinuturan malah amales pitutur,
ilang walangatinira,
datan anduwe wawedi.

33. Yen pinengkok wani katrap,

272