Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/273

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

teratag ngandhap witana,
satriya kang sepuh sami.

24. Kang kaprenah uwa paman,
sami lenggah ing kursi kanan kering,
ing ngarsanira sang prabu,
Kya Patih Wanasalam,
neng paglaran lawan para punggawa gung,
para dipati amanea,
nayaka prameya mantri.

25. Sawusnya gunungan medal,
maring masjid ajating narapati,
nulya dinonganan gupuh,
binagi winaratan,
ri sampunnya Jeng Sultan anulya kondur,
maring purantaranira,
dhadharan lan para Wali.

26. Saluwaring dhedhaharan,
nulya mijil sagunging para Wali,
marang ing pakuwonipun,
bubaran kang sewaka,
miwah sagunging bans bubar sadarum,
kuneng ta ing antaranya,
tigang dina tigang ratri.

27. Sagung para Waliyulah,
sami ngumpul aneng sajroning puri,
myang pra pandhita gung-agung,
mupti para kukama,
mung kewala ingkang sami sepuh-sepuh,
ingkang rinembag ing karsa,
mamrih kencenging agami.

28. Pikuwate kang sarengat,
amemuri parentahe Jeng Nabi,
Muhkamad ingkang rinasul,

271