Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/272

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

19. Enjinge lajeng kekirab,
garebegan angirabaken baris,
balabar wadya lit-agung,
pacak baris anggabag,
kaebekan salebeting alun-alun,
amber mring reratan jaba,
tepung sauruting margi.

20. Yayah wana tumaruna,
genging baris wadya satanah Jami
gameng andhengdheng ngendhanu,
sesek atitip atap,
susun-susun matimbun jejel supenuh,
pindha mendhung ing gegana,
sumaput dhedhet ing langit.

21. Jeng Sultan denya sineba,
lenggah aneng witana ing sitinggil,
neng amparan manik wungu,
lan pra Wali pangarsa,
sami lenggah ing singangsana sadarum,
satata lawan sang nata,
neng kanan kering narpati.

22. Majeng mangaler sadaya,
dene ingkang para Wali pawingking,
samya neng masjid sadarum,
lawan para pandhita,
pra ngulama para kukuma gung-agung,
ngabid sulaka pukaha,
supenuh munggeng surambi.

23. Amber munggeng palataran,
dene ingkang munggeng ngarsa narpati,
para satriya gung-agung,
bupati pra sentana,
andher munggeng ing ngarsanira sang prabu,

270