Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/271

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

akathah sadherekipun,
amergil sowang-sowang,
sami nama pangeran sadayanipun,
ana wismeng nagri Demak,
ana wisma Ngampelgadhing.

15. Ana kang wisma Darajad,
myang ing Benang ana wisma ing Giri,
liyan kang aneng Majagung,
yata kang kawuwusa,
nagri Demak anuju ing mangsanipun,
ing wulan Rabingulawal,
pepekan kang para Wali.

16. Myang para mupti sulaka,
prangulama kukama para ngabib,
para pandhita gung-agung,
miwaii kang para tapa,
sampun pepak aneng ing Demak sadarum,
tuwin kang para dipatya,
satriya punggawa mantri,

17. Para dipati amanca,
apepekan aneng Demak nagari,
kadi saben-sabenipun,
saben rabingulawal,
sami prapta samana ing lamenipun,
ing tanggal ping kalihwelas,
amaca Maulud nabi.

18.Aneng masjid geng ing Demak.
sami rahap lelagon maca singir,
rawi-rawi ing swararum,
Jeng Gusti Sultan Demak,
imbal lawan kang para Wali gung-agung,
yen wus palesta tahlilan,
nulya bujana menuhi.

269