Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/270

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

mantri catur mituhu sawelingipun,
pamit leser sangking ngarsa,
mijil sangking nagri Pengging.

10. Duta sekawan lampahnya,
tan kawarna solah lamining margi,
prapta ing Demak wus laju,
marek ing srinarendra,
atur sembah matur solahnya ingutus,
ing purwa wadya wasana,
wus katur ing sribupati,

11. Duk miyarsa Kangjeng Sultan,
ngungun ing tyas anging renteng tan sipi,
sangking sandeya sang prabu,
cinipta bokmenawa,
angrubeti marang ing karatonipun,
nanging sakedhik sang nata,
ana kacathet ing galih.

12. Dene ta kadange tua,
kalihipun wong agung pajang Pengging,
nak sanakira sang prabu,
atamajane kang tuwa,
mokal lamun darbea pamrih kang dudu,
pan dereng tumindak pira,
wong agung lan sribupati.

13. Kuneng semana laminya,
Sultan Demak gantiya kang winarni,
Kangjeng Susunan Majagung,
wus sanget sepuhira,
nandhang gerah pan lajeng ing sedanipun,
kang layon sampun pinetak,
aneng pamelenganeki.

14. Putranira kang gumantya,
Panembahan Majagung kang wewangi,

268