Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/269

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

karaton ing tanah Jawi.

5. Jeng Sultan Demak semana,
anglampahken caraka catur mantri,
kinen nimbalana gupuh,
mring kang raka kalihnya,
rajaputra ing Pengging kang duta sampun.
mesat tan kawarneng marga,
caraka wus prapteng Pengging.

6. Panggih lan sang rajaputra,
dhinawuhken timbalaning nerpati,
kalamun sang rajasunu,
kekalih tinimbalan,
mring Jeng Sultan ing Demak sarenga rawuh,
lawan lakuning caraka,
wauta Kyai Geng Pengging.

7. Wangsulanira mring duta,
lah matura marang srinarapati,
yen ing mengko kakangingsun,
Maosakanigara,
lunga nglangut tan karuhan paranipun,
nuruti karsaning driya,
tan ana wadya kang ngiring.

8. Amung lawan garwa putra,
sun ulati lami datan pinanggih,
dene ta mungguh wakingsun,
tinimbalan ing nata,
nuwun maklum kewala ing sang aprabu,
nganti praptane kakangmas,
samangsane besuk prapti.

9. Yekti aseba wakingwang,
maring Kangjeng Sultan ing Demak benjing,
wong roro lan kakangingsun,
lah wis duta muliha,

267