Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/268

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

sipeng kalih dalu,
binoja sinungga-sungga,
wus mangkana nulya sami pamit mulih,
mangkat ungkur-ungkuran.

XVIII


1. Kuneng kang wus mantuk samya,
gantya ingkang winurcitaa malih,
ing Bintara sang aprabu,
ingkang jumeneng aijyar,
kinasihan ing para wali gung-agung,
sujud kang para satriya,
sentana punggawa mantri.

2. Samya jrih asih sedaya,
datan wonten kang sumelang ing kapti,
duk samana sang aprabu,
sampun miyarsa warta,
yen kang raka ing Pengging kekalihipun,
asalin lagu pratingkah,
ing reh anganyar-anyarin.

3. Ambuwang kasatriyanya,
cara santri ing tindak cara pakir,
lawan malih datan ayun,
prapta nagari Demak,
salamine jumenengira sang prabu,
dereng sumiwi ing Demak,
angedhem wong agung kalih,

4. Aneng nagrine priyangga,
srinarendra tan sakeca ing galih,
langkung sandeya ing kalbu,
Kangjeng Sultan ing Demak,
walangati menawa kang raka iku,
angrubedi panjenengan,

266