Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/267

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

Kyageng Majasta malike,
Kyageng Tambakbayeku,
ing Tembelang Ki Gedhe Baki,
Ki Gedhe ing Babadan,
ing Wanatareku,
Ki Gedhe ing Karanggayam,
Ngargaloka ing Pringapus Kayupuring,
ing Nganggas wanalapa.

27. Wong pitulas sami prapteng Tingkir,
ing wismane Kyageng Adipurwa,
samya kinen sipeng kabeh,
ingandheg kalih dalu,
sinugata boga menuhi,
langkung sesugunira,
Kyageng Tingkir wau,
maring tamunya nembelas,
wus mangkana nulya sami pamit mulih,
mangkat asesarengan,

28. Kang sakawan misah aneng margi,
ngidul milah angulon lampahnya,
Kyageng Ngargalokane,
Kyai Gedhe Pringapus,
lan Ki Gedhe ing Kayupuiing,
Ki Gedhe Purwasada,
yata kang kawuwus,
rowelas kang ngidul-ngetan,
Kyai Geng ing Pengging sarowangneki,
datan kawarneng marga.

29. Lampahira Kiyai Geng Pangging,
sampun prapta aneng puranira,
lawan sawelas kancane,
samya mampir ing ngriku,
sru susugun Kyai Geng Pengging,
mring tamunya sawelas,

265