Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/266

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

Wanadadi Tambangan.

23. Kiyai Geng ing Ngampuhan tuwin,
Kyai Geng ing Bangsri Panengah,
pan puniku sarengane,
denya sami geguru,
mring Pangeran ing Sitiabrit,
sami manjing kekadang,
kadang tunggil guru,
langkung sami sih-sinihan,
yayah kadi sadulurira pribadi,
atut aruntut samya.

24. Kawuwusa Jeng Kyai geng Pengging,
lami denya anen Sitijenar,
anuju pepakan kabeh,
kadange tunggil guru,
aneng Sitijenar pra sami,
agena-guna rasa,
mupakating ngilmu,
tasawup kang ngelmu rahsa,
sami raseh kusus ingkang insankamil,
pamuketing kamuksan.

25. Wusnya mangkana pra samya pamit,
maring guru Pangran Sitijenar,
linilan wus bubar kabeh,
sowang-sowangan mantuk,
mring wismanya sasiki-siki,
yata kang kawuwusa,
Kyageng Pengging wau,
lampahipun sasarengan,
wong pitulas mangidul lampahnya sami,
Kyageng Tingkir kang tuwa.

26. Kyageng Pengging Kyageng Banyuwilis,
Kyageng Getasaji Kyageng Balak,

264