Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/265

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

maring ing Sitijenar,
kyaigeng dumulur,
ing guru mring Sitijenar,
kacarita wau Kyai Geng Pengging,
pan wonten sarenganya.

20. Manjing sabat ageguru ngilmi,
maring Jeng Pangeran Sitijenar,
wong kawandasa kathahe,
Ki Gedhe Banyubiru,
lan Ki Gedhe ing Getasaji,
Kyai Gedhe ing Balak,
Ki Gedhe ing Butuh,
lawan Ki Gedhe ing Ngerang,
myang Ki Gedhe ing Jati Ki Gedhe Tingkir,
Ki Gedhe Patalunan.

21. Lan Ki Gedhe ing Pringapus tuwin,
Kyai Gedhe Nganggas Wanalapa,
ing Paladadi Ki Gedhe,
ing Ngambat Karangwaru,
ing Babadan Wanantareki,
Kyai Geng ing Majasta,
ing Tambakbayeku,
ing Bakilan ing Tembalang,
Karanggayam Ngargaloka Kayupuring,
Pandhawa Selandaka,

22. Kiyai Geng ing Purwasa de ki,
Kebokangan Kyageng Kebonelas,
Ki Gedhe ing Waturante,
Kyai Gedhe Taruntum,
Pataruman ing Banyuwangi,
ing Purna Wanasaba,
ing Kare Gegulu,
ing Candhiwukir Pragota,
Ngadibaya Karurungan Jatingalih,

263