Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/264

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

wuryaning kang tan kenaning pejah,
lenyep ing kawekasane,
pan tan kena winuwus,
kauwusanira winuni,
tan ana japa mantra,
kabeh wus kawengku,
wekas-wekasing kamuksan,
anglimputi ing jagad sakalir-kalir,
tuhu suksma-sinuksma.

17. Sotya-sinotya manik-minanik,
wus tumeka ing makam minulya,
maha mulya kamulyane,
sang pandhita jejuluk,
Ki Seh Walilanang Sajati,
ya Sang jatiminulya,
dene wastanipun,
Jeng Pangeran Sitijenar,
apeparab Seh Sunyata Jatimurti,
Susunan ing Lemahbang.

18. Sang Pandihita lami aneng Pengging,
Kiayi Geng sru sesuguhira,
sih urmat marang tamune,
duk semana winuwus,
Kyai geng wus manjing murid,
mring Pangran Sitijenar,
anggeguru ngilmu,
kasampurnaning sarira,
surasaning rerasan kang aib-aib,
reh pamuketing rahsa.

19. Wus tinumpek pamejangireki,
salekering ngilmu kalepasan,
pan sampun katampan kabeh,
kuneng ing lamenipun,
sang pandhita semana mulih,

262