Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/263

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

pan wus datan pisan-pisan angrasani,
mring kabupatenira.

13. Silih nama Kyai Geng ing Pengging,
namanira raden pan binuwang,
amung kiyai den angge,
lilah pambeganipun,
mung karana Allah lirneki,
yen wus ngabekti ing Hyang,
karyane nenandur,
gaga sawah nandur kenthang,
tetegalan leren mangsane ngabekti,
mangkana salaminya.

14. Duk semana Kiyai Geng Pengging,
kadhatenganW aliyulah dibya,
sekti kuncara ngilmune,
kalana ahli laku,
kesit datan kena pinethit,
ladak nora cak-encak,
pambontosing ngilmu,
kang ngilmu rahsa-surasa,
sarasaning sarkara rupa lan manis,
tan kena pisahena.

15. Wus leksana salengkering bumi,
sang pandhita tyasira angambar,
jati kasturi gandane,
panunggalingsawujud,
datan pisah kawula gusti,
tuhu tunggal pinangka,
tan samar ing kawruh,
wruh wekasing ana - ora,
sang pandhita wus nyata tanpa ling-aling,
waspadeng sangkan paran.

16. Paripurnaning angga muryani,

261