Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/262

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

supayane sampun katawis,
kang garwa mangka endhang,
dene putranipun,
dadya manguyu jejanggan,
kuneng ingkang tetapa wukir Merapi,
pindha ajar sunyata.

10. Supe marang kasatriyaneki,
tan angetang kabupatenira,
yata warnanen arine,
Kebokenanga kantun,
aneng kutha ing Pajang Pengging,
tan ayun siwaka,
acara wong agung,
sagunging mantri sentana,
sinatriya kalamun arsa sumiwi,
cara santri kewala.

11. Den ilangken caraning priyayi,
sasolahe saguna satata,
tindak tataning pasan tren,
panggenan ahli ngelmu,
mung karana Allah sayekti,
Raden Kebokenanga,
sengkut ahli ngilmu,
nemen salat bar Jumungah,
lawan sagung para sakabatireki,
wadya sentananira.

12. Ageng-alit wadya Pajang Pengging,
jroning kitha myang sajawi kitha,
winitawis ing kathahe,
wonten wong tigangewu,
sami sengkut salatireki,
sakabat jro kathahnya,
amung pitungatus,
Rahaden Kebokenanga,

260