Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/261

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

6. Lembuwara bisikanireki,
nenggih sang dipati ing Madura,
kuneng kawinarna ing reh,
nenggih sang raja sunu,
Pajang Pengging wong agung kalih,
Dyan Kebokanigara,
Kebokenangeku,
sasedane Prabu Wakdat,
myang sedane ingkang paman adipati,
Lembupeteng Mandura.

7. Wong agung kalih kewran ing galih,
datan purun sumiweng ing Demak,
kalangkung sanget mirange,
ing batine wong agung,
kaletheke sajroning ati,
cawengah ing pangundang,
kudanganing dangu,
kinudang dene kang eyang,
ya milane milalu amiwal kapti,
sumakseng pamiwaha.

8. Miwaha ring tyas wong agung kalih,
aneng Pengging nagrine priyangga,
ka gagas-gagas karsane,
duk semana wong agung,
kalihipun samya pradongdi,
ing karsa tan atunggal,
pamesuning laku,
ingkang raka karsanira,
amretapa sukuning wukir Merapi,
ambuwang kasatriyan.

9. Mindha ajar ing tapanireki,
anrus subrangta memati raga,
amendhem kula jatine,
marma tinindheng laku,

259