Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/260

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

nama Jeng Sinuhun,
ing Giri parapneki,
Ratu Tunggul Walikutuburabani,
Aotad martabatnya.

3. Apan kadi kang rama ing nguni,
ing kawignyan miwah kawaspadan,
tuwin ing kasutapane,
kuneng gantya winuwus,
Sri Anyakrakusumeng bumi,
Jeng Sinuhun ing Benang,
prapteng janjenipun,
wafat atilar ing dunya,
kondur maring karaton kang baka nenggih,
roncene tan winarna.

4. Punang layon sinare tumuli,
aneng asrama sunya ing Benang,
winurciteng sengkalane,
sedanya Jeng Sinuhun,
Wisik Sukci Adining Bumi,
kang gumantya semana,
ing martabatipun,
Kangjeng Sinuhun Darajat,
ambawani kadi kang raka suwargi,
Wali Gos Kutubrahman.

5. Kawuwusa sasedanireki,
Prabu Wahdat Anyakrakusuma,
tan lami ing antarane,
amung satengah tahun,
sang dipati Mandura lalis,
Lembupeteng layonnya,
sinarekken sampun,
aneng ing Karangkajenar,
ing dagane ingkang ibu prameswari,
putranira gumantya.

258