Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/259

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

ingestren para Oliya,
satanah Jawa nekseni,
dene wewangineki,
Jeng Sultan Demak puniku,
nanging tan pati lama,
pinasthi karsane Widi,
Sultan Demak semana pan sampun seda.

24.Denira jumeneng nata,
lamine mung kalih warsi,
wau Kangjeng Sultan Demak,
kang layon sinare nuli,
aneng salering masjid,
ing dagane ramanipun,
kang putra tan gumantya,
jumeneng narapati,
ari nata sampun ingangkat sarkara.

XVII


1. Raden Trenggana jumeneng aji,
anggentyani karatoning raka,
Sultan Demak bisikane,
pangulu Sunan Kudus,
pepatihe pan mulu salin,
apatih Wanasalan,
nenggih namanipun,
kuneng gantya winursita,
Jeng Suhunan ing Giri kedhaton nenggih,
gerah pan lajeng seda.

2. Pan riningkes ing sapala karti,
punang layun sinare semana,
aneng ing Giri purane,
sengkalane ingetung,
Siking Guna Karyaning Bumi,
ingkang putra gumantya,

257