Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/258

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

sapala kertining lampus,
punang layon semana,
sinare salering masjid,
sinengkalan sedanira panembahan.

20. Sima Guna Kartaning Rat,
Panembahan Bintareki,
meningi sadasa warsa,
denira ayasa masjid,
mangkana ta winarni,
putranira sang aprabu,
sakawan kathahira,
ingkang asepuh pribadi,
jalu pekik Pangran Sabranglor namanya.

21. Penenggak apan wanudya,
tinarimakaken nenggih,
maring Pangeran Widagda,
ing Cirebon kang nagari,
dene arine malih,
priya nenggih namanipun,
pan Rahaden Trenggana,
dene arinipun malih,
pan wuragil nenggih jalu namanira.

22. Pangeran Sabrangkidulan,
nanging katelah ing nguni,
Pangran ing Kali wa nya,
dene seda aneng kali,
yata malih winarni,
ingkang anggentya prabu,
putra ingkang anama
Pangeran Sabrangler nenggih,
kang angangkat jumenenge naranata.

23. Kangjeng Sinuhun ing Benang,
lawan Jeng Sinuhun Giri,

256