Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/257

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

mring Sunan Majagung nenggih,
yata wau Sang Dipati Pandhanarang.

16. Wus linggar atilar praja,
duk ing wanci sirep jalmi,
tan ana wong kang uninga,
amung kalawan kang rayi,
kuneng datan winarni,
reroncening laminipun,
miwah ing lampah-lampah,
saking denya inglampahi,
pituduhnya Jeng Susunan Kalijaga.

17. Ngidul-ngetan lampahira,
wus prapteng Tembayat wukir,
lajeng wisma ing Tembayat,
ambentur sutapaneki,
dene ta ingkang rayi,
kinen misah wismanipun,
dhadhekah ing Kajoran,
ambentur sutapaneki,
kalihipun manjing dadya Waliyulah.

18. Pangeran ing Pandhanarang,
sampun sesilih wewangi,
Jeng Suhunan ing Tembayat,
kang rayi silih wewangi,
Jeng Panembahan nenggih,
ing Kajoran namanipun,
kuneng kang wus minulya,
manjing martabating Wali,
kawuwusa semana negari Demak.

19. Panembahan ing Bintara,
wus lami antaraneki,
semana anandhang gerah,
tan lami nulya ngemasi,
riningkes ing pakarti,

255