Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/256

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

12. Sampun winulang sadaya,
ing elmu kawalen nenggih,
pambontosing kasuciyan,
kasampurnaning ngaurip,
urip kang purna-jati,
jatimurti wastanipun,
waluyeng sangkan-paran,
terang terus lair batin,
ing batine wus cecalon Waliyulah.

13. Arine sang adipatya,
kang wuragil sarwa wasis,
ingkang karem kasutapan,
wruh ing cipta anututi,
ngesrahken pati urip,
ing pada nungkemi lebu,
mring Kangjeng Seh Malaya,
pan sampun winejang ngelmi,
kawaleyan kadi kang raka dipatya.

14. Pangeran ing Pandhanarang,
lawan kang rayi wuragil,
kalihe sampun cinawang,
badhe cacalon utami,
kuneng semana nuli,
katilar kamuktenipun,
dipati Pandhanarang,
lawan kang rayi wuragil,
tan atolih kadangwarga brana dunya.

15. Amung lawan garwanira,
kalihe sami sarimbit,
putrane sang adipatya,
jalu pan kinen angaji,
kataki-taki ngelmi,
maring Jeng Sunan Majagung,
kaprenah wayahira,

254