Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/255

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

marang ing nagari Demak,
ing purwane sang dipati,
dahat merang tan sipi,
duk karya masjid ing dangu,
saguning Waliyulah,
myang para pandhita mupti,
pra ngulama para kukama pukaha.

9. Para salih para tapa,
mukmin kas para mungaid,
samya neng nginggil lenggahnya,
satata lan sribupati,
dene kang pra dipati,
para punggawa gung-agung,
miwah para satriya,
bupati prameya mantri,
lenggahipun samya neng ngandhap sedaya.

10. Sang Dipati Pandhanarang,
wirang ing tyas angranuhi,
dadya angkep kewala,
aneng Nagari Samawis,
tan milu anganyari,
masjid ing Demak puniku,
kalamun tinimbalan,
tansah angecani krami,
nulya Kangjeng Susuhunan ing Kalijaga.

11. Rawuh Nagri Pandhanarang,
kang rayi den pituturi,
pan rayi ipe punika,
anggung tinanya rininding,
Pangeran Pandhanawis,
umatur purwaning dangu,
prapteng wasananira,
ya ta Jeng Susunan Kali,
welas mulat mring Pangeran Pandhanarang.

253