Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/254

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

puniku den ambii mantu,
maring Jeng Sarip Sultan,
patutan jalu kekalih,
kang satunggil awisma aneng Benggala.

5. Kang satunggil aneng Jawa,
ing Kaliwungu nagari,
kaipe mring bupatinya,
sampun apeputra nenggih,
sakawan kathahneki,
kang tetiga sami kakung,
kang estri pan kagarwa,
mring kang gumantya dipati,
Kaliwungu dene kang priya tetiga.

6. Pindhah maring Pandhanarang,
pan punika ing Samawis,
basa rikat ing Samarang,
kang sepuh dadi dipati,
ing Pandhanarang nenggih,
langkung kasugihanipun,
berbudi wicaksana,
sarwa-sarwi sigih sugih,
ingkang rayi aremen dadya sudagar.

7. Wisma ing wukir Pragota,
kalawan karem agami,
kang rayi wuragil ika,
karem amratapa nenggih,
mendhita sarwa wasis,
limpat ing reh pasang semu,
wisma ing Pandhanarang,
kuneng semana winarni,
duk mentase adhege masjid Demak.

8. Adipati Pandhanarang,
mogok tan arsa sumiwi,

252