Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/253

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

XVI

1. Kuneng lamining pakaryan,
semana pan sampun dadi,
masjid geng nagari Demak,
sampat paripurneng kardi,
semana den babadi,
kari roro kartinipun,
ing jalma sengkalanya,
mangkana sami winilis,
kaotipun masjid lami lan enggal.

2. Kaot pitulikur warsa,
wauta kang masjid lami,
pinindhah mring Suranatan,
kinarya masjid jro nenggih,
pasalataning aji,
nenggih bar Jumungahipun,
kuneng alama-lama,
gantya kang winurcitani,
wonten trahing gusti niyakaning jagad.

3. Sangking ing Ngatasmaruta,
kalana mring Tanah Jawi,
ing nguni duk jamanira,
Jeng Susunan Ampel Gadhing,
pinernah dadya mupti,
nagari ing Kaliwungu,
katalah namanira,
Pangeran ing Atasangin,
tunggil bangsa lan nateng Deli Benggala.

4. Ing Deli Tanah Benggala,
Jeng Sultan Sarip Asnawi,
pangagenging para nata,
ing Banggala sadayeki,
pangeran Atasangin,

251