Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/252

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

amung tigangemel tinon.

31. Prabu Wakdat anuduh,
mring Seh Malaya waspadeng semu,
dyan jumeneng wau Jeng Susunan Kali,
sangking 1er majeng mangidul,
jumangkah suku sawiyos.

32. Suku kekalih mulur,
panjang aluhur begagahipun,
suku kanan prapteng Mekah sampun ngancik,
sajawining pageripun,
Kakbatulahi ing kono.

33. Suku keringnya kantun,
napak ing ler-kilen masjid wau,
asta kanan anyandhak Kakbatulahi,
asta kering nandhak sampun,
sirah gada masjid kono.

34. Tinarik kalihipun,
sami mulur gya ingaben gathuk,
Payok Kakbat lawan sirah gada masjid,
den nyatakaken sawujud,
ceples kenceng datan menggok,

35. Para Wali gung-agung,
sami andulu kalintang sukur,
Jeng Sinuhun ing Benang ngandika ans,
yayi Seh Malaya uwus,
abener tan walangatos.

36.Seh Malaya wotsantun,
nulya anguculken astanipun,
Kakbatulah lan masjid pan sampun bali,
Seh Malaya nulya lungguh,
ngarsaning raka wotsinom.

250