Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/251

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

samya lenggah tapakur aneru dhiri,
maledi semadi nekung,
anenedha ing Hyang manon.

25. Para Wali wewolu,
sami ambos ing paningal terus,
tarawangan andulu ing jagad kabir,
tan ana ling-alingipun,
mangetan terus mangulon.

26. Ing Mekah pan kadulu,
Kakbahtulah katon cetha munggul,
kang Masjidil Karam tetela kaeksi,
dan Sang para Waliwolu,
angumpul dados saenggon.

27. Myang senopati Jimbun,
tunggil enggen lan pra Wali wolu,
duk semana winawas keblating masjid,
pinet kenceng adhepipun,
lan Kakbatulah kang katon.

28. Nanging pra Wali wolu,
maksih pradongdi pamawasipun,
punang masjid jinawilan nganan-ngering,
menga-mengo ngalor-ngidul,
sadangune dereng manggon.

29. Saksana Jeng Sinuhun,
Benang kalawan Sang Ratu Tunggul,
megeng napas anyipta ringkesing bumi,
sami sakedhap wus kabul,
karamating Walikatong.

30. Ringkes buwana ciut,
ing Mekah pan wus celak kadulu,
Kakbahtulah pareg katingal ing ngarsi,
winatawis tebihipun,

249