Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/250

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

18. Wonten mastani luput,
kirang condhong ngaler adhepipun,
dan ingoyog mangaler adheping masjid,
winawas malih pan langkung,
kasangetan condhong ngalor.

19. Nulya den oyog ngidul,
punang masjid keblate kelangkung,
kapengidul dinuwa mangaler malih,
meksa kirang condhongipun,
jinawil sampun mangalor.

20. Winawas malih luput,
kasangeten ing pangaleripun,
den tinulak wus bali mangidul malih,
kirang kedhik kencengipun,
mangilen ragi mangalor.

21. Yata sadangunipun,
tansah pradondi ing kencengipun,
pamawase dereng wonten kang patitis,
kang masjid yayah den iyun,
mayak-mayuk ngidul ngalor.

22. Ing wanci pan meh dalu,
meksa tan wonten ingkang tertamtu,
wus mangkana Jeng Sinuhun Benang nuli,
pirembag lawan sinuhun,
ing Giri mupakat dados.

23. Kinendelan rumuhun,
ing latri sami rembag manekung,
anerangken maring Hyang Kang Mahasuci,
kang supaya beneripun,
ing keblat aja melencong.

24. Kuneng praptaning dalu,
kawuwusa pra Wali gung-agung,

248