Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/249

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

nulya sakarawanipun,
sami den adegken gupoh.

12. Punang saka rongpuluh,
kang adarbe ing hubuhanipun,
para Wali ingkang amardika sami,
para pandhita gung-agung,
para ngulama kinaot.

13. Pra kukama gung-agung,
para mupti mungaid sadarum,
pra sulaka para tapa para ngabid,
mukmin kaslan ahli ngilmu,
sengkut tandange asagoh.

14. Sareng pangadegipun,
sakarawa nulya punang dudur,
myan panerus balandar miwah kang takir,
usuk wus minggah sadarum,
purna kang pananggap ngisor.

15. Lajeng panyirapipun,
kuneng wusing paripurnanipun,
lajeng para Wali wewolu nulya glis,
anata ing keblatipun,
aja kongsi mencang-mincong.

16. Kang bener adhepipun,
maring Kakbah ing Mekah puniku,
lamun ora bener keblate kang masjid,
nora asah salatipun,
kang padha salat ing kono.

17. Mangkana wau sagung,
Kangjeng para Walisanganipun,
pamawase ing keblat sami pradongdi,
wonten kang mestani sampun,
kenceng adhepe mangulon.

247