Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/248

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

salat Mahrib anulya Isanireki,
kuneng wanci tabuh telu,
wus tangi sakathahing wong.

6. Dyan sami salat subuh,
sabakdaning salat sami gupuh,
angrarakit abahan adeging masjid,
kang para Wali gung-agung,
iyek ing karya asagoh.

7. Para mukmin gung-agung,
miwah para dipati sadarum,
pra satriya sentana bupati mantri,
ulubalang lalang-laut,
sadaya sampun mirantos.

8. Pan linekasan gupuh,
wanci enjing punang sakaguru,
kang sekawan den adegaken tumuli,
kang para Wah wewolu,
tumandang sami ambopong.

9. Myang senopati Jimbun,
milya ambopong kang saka catur,
sampun ngadeg dan sirah gada nusuli,
purna luluhuranipun,
nulya pananggap panosor.

10. Saka panengahipun,
kalihwelas ingadegken gupuh,
para Wali sosoran tumandang sami,
ambopong saka kasaut,
angadeg sareng kimawon,

11. Lambang pinasang sampun,
dudur tatakir balandar usuk,
purna punang pananggap pan cinengah nenggih, x)

x)langkung sawanda

246