Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/247

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

  tinata dipun tap-etap,
  pindha wong agawe eber,
  gilig gegulingan panjang,
  taline kerangkungan,
  agung apanjang gumulung,
  Seh Malaya gambuh ing tyas.

XV



1. Madhep ing keblat gupuh,
  Seh Malaya semedi manekung,
  tyas mawardi sumungku ring,x)
  syuh luluh ing tingal jumbuh,
  saciptane sinung dados.

2. Tatal cinipta wutuh,
  salin warna ilang tatalipun,
  lir den ukur ageng myang panjangireki,
  lan sakaguru kang telu,
  kang sami ingadon, x)

3. Luwar samadinipun,
  Seh Malaya karamete kabul,
  kagawokan sagung kang sami ningali,
  lenger-lenger jetung ngungun,
  gagetun sami andongong,

4. Saka tatal wus katur,
  mring sang ratu wadat nulya gupuh,
  den ukuri ingadon-adon kinardi,
  samana pan sampun rampung,
  kantun adegnya kemawon.

5. Ing wanci sampun dalu,
  sami salat bar Jumungahipun,

x) kirang 4 wanda

x) kirang 2 wanda

245