Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/246

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi


  sunduk kili myang balandar,
  wus linanji sadaya,
  mung kantun kang sakaguru,
  sakawan duk winiwitan.

25. Arsa den adon-adoni,
  sesaka kirang satunggal,
  amung tetiga cacahe,
  yata Jeng Sinuhun Benang,
  andangu Seh Melaya,
  dene tan ana kadulu,
  bubuhane durung ana.

26. Sakaguru kang sawiji,
  bubuhane Seh Malaya,
  tan wonten mantra-mantrane,
  pijer pitekur angiwa,
  teka ayem kewala,
  semana sampun kasusu,
  panglanjine punang saka,

27. Kasusu bandhenireki,
  enjinge lajeng ngadega,
  kang pusaka masjid gedhe,
  Jeng Sinuhun Kalijaga,
  kagyat marek ing ngarsa,
  dinukan mring Jeng Sinuhun,
  Benang Anyakrakusuma.

28. Seh Malaya awot sari,
  tumungkul tadhah deduka,
  sangking ing ngarsa lumengser,
  maring gon wong nambut karya,
  wauta Seh Malaya,
  ngalapi tatal kinumpul, pan pirang-pirang bopongan,
  

29. Punang tatal den taleni,

244