Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/245

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

pamidhangan lan delurung,
panitih lan takir lambang.
20. Balandar pangeret nenggih,
ingkang adarbe bebahan,
kang para dipati kabeh,
dene tetakir pananggap,
miwah dudur sadaya,
palisir lan wuwung agung,
ing ngandhap nginggil sadaya.
21. Puniku bubuhaneki,
sagung kang para satriya,
sentana geng-alit kabeh,
dene kang usuk sedaya,
lawan badhe pagernya,
kang darbe bubuhan iku,
para mantri ulubalang,
22. Punggawa prameya mantri,
dene punang sirap-sirap,
sadaya badhe payone,
sami urunan kewala,
saman a wus bubaran,
ingubayan dinanipun,
pangumpule kang ababan.
23. Sasowang-sowangan sami,
panggarape kang abahan,
kuneng tan winama ing reh,
lam in ing panggarapira,
tuwin pangrancangira,
punang dhedhuwuran sampun,
lelanjene pan wus dadya.
24. Ingadon-adon respati,
muwah ta punang sosoran,
sagunging saka-sakane,

243