Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/244

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

15. Myang Susunan Geseng nenggih,
lawan Pangeran Cahyana,
kang sumare gunung Lawet,
pangeran ing Jambukarang,
lan Pangeran Karawang,
myang Seh Wali Lanang iku,
tuwin Seh Waliyul Islam.

16. Tuwin ta Seh ing Mahribi,
myang Seh Suta Maharaja,
Seh Para klawan Seh Banthong,
ing Galuh raja pandhita,
lawan pandhita raja,
ing Pamalang dhepokipun,
lan pandhita Karangbaya.

17. Miwah Jeng Susunan Katib,
lan Susunan ing Pantaran,
tuwin ta Sunan Tembalo,
pandhita Usmanuraga,
Usmanaji pandhita,
punang kabubuhanipun,
saka panengah sadaya,

18. Dene sakarawa nenggih,
cacahe pan kalihdasa,
kang binubuhan agawe,
para Wali pra pandhi
kang sami amardika,
para ngulama gung-agung,
para mupti pra kukama.

19. Para jaid para ngabid,
pra mungaid ahlul imán,
mukmin kaslan para saleh,
sadaya pan sakarawa,
dene sunduk kilinya,

242