Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/240

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

senopati Jimbun,
naradipati Pulembang,
duk samana sampun pakumpulan sami,
miwah para dipatya,

26. Para pangageng kang tebih-tebih,
Sang Adipati ing Balambangan,
ing Lumajang dipatine,
myang Sang Dipati Terung,
Panataran lawan dipati,
Basuki Tunggarana,
Japan Surengkewuh,
sang Adipati Madura,
Lembupeteng lawan Sang Arya Baribin,
myang Sumenep dipatya.

27. Anenggih Risang Jaranpanolih,
myang Bathara Katong Pranaraga,
lan ing Daha dipatine,
adipati Madiun,
Jagaraga ing Sokawati,
ing Rawa ing Balitar,
ing Tambakbayeku,
adipati Taruwangsa,
ing Lowanu ing Gowong sang adipati,
Binarong ing Banyumas.

28. Adipati ing Banten pratuwin,
sang adipati ing Pajajaran,
Ciyancang Sokapurane,
ing Sumedhang wong agung,
ing Barebes lan Wiratheki,
dipati Pakalongan,
ing Tegal wong agung,
myang dipati Pandhanarang,
Arya Damar ing Palembang sampun prapti,
Pepekan danasmara.

238