Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/241

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

XIV

1. Mangkana kang para wali,
angrembag badhe akarya,
pusaka masjid kang gedhe,
pan kinarya pakumpulan,
pasalatan Jumungah,
yen nalikane akumpul,
kang para Wali Kasanga.

2. Miwah kang para dipati,
ing Jawa tuwin ing Sabrang,
yen nuju praptane kabeh,
ing karsa ampun kuciwa,
lawan amet prayoga,
sawetarane kang patut,
dadya pusakeng narendra.

3. karsaning kang para Wali,
wewolu kang karya tilas,
sakedhik kang radi gedhe,
kang ngyasani masjid anyar,
bituwah nagri Demak,
pusakaning para ratu,
nenggih ing satanah Jawa.

4. Dene masjid geng kang lami,
ing nguni ingkang ayasa,
pan Kangjeng Susunan Ngampel,
duk kertaning Majalengka,
sakadar wong bebakal,
kang den yasaken puniku,
sang adipati Bintara.

5. Duk maksih bebakal nguni,
mentas adhedhukuh anyar,
sangking Ngampel pamergile,

239