Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/239

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

nulya malih sosorane,
ing Cirebon puniku,
Jeng Suhunan ing Gunungjati,
pan walikutub ngukba,
nulya Jeng Siniihun,
Majagung pan kutub nukba,
nulya Kanjeng Suhunan Darajat nenggih,
kutub rabani nujba.

23. Nulya malih sosoranireki,
nenggih Jeng Suhunan Kalijaga,
Seh Malaya bisikane,
kutub abdal puniku,
nulya malih sosoraneki,
anenggih Jeng Susunan,
ing Muryapadeku,
kutuburabani abwar,
nulya malih Jeng Susunan Kudus nenggih,
kang gumantung ramanya.

24. Jeng Susunan ing Ngudung ing nguni,
kang kasambut samadyaning rana,
ing nalika aprang gedhe,
mungsuh dipati Terung,
senopati ing Majapahit,
yata Kangjeng Susunan,
ing Kudus puniku,
kutub rabaniyah akyar,
jangkep wolu martabating para wali,
wonten malih satunggal.

25. Wali umran ingkang anusuli,
anjangkepi uniting wilangan,
martabat wali sangane,
kalebet gelengipun,
para wali wolung prakawis,
yeku Jeng Panembahan,

237