Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/238

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

Kalipah Rasullolah.

19. Mangka badaling kukumah nenggih,
myang wilayah kurusing risalah,
ing agama sarengate,
Jeng Nabi kang rinasul,
duk semana ing Tanah Jawi,
pan wus Islam sadaya,
tan wonten barenjul,
sagunging kang para ajar,
myang wewasi gegitntung manguyu cantri,
wus kathah nandhang iman.

20. Myang sogata sewa resi-resi,
wus liniron kang para pukaha,
pra pandhita gedhe-gedhe,
pra ngulama linuhung,
para jaid para mungaid,
mupti lawan sulaka,
kukuma gung-agung,
nadyan para ratu sabrang,
ingkang samya kabawah ing Majapahit, (Tanah Jawi)
sampun kathah kang Islam.

21. Kuneng semana laminireki,
kawuwusa nagari Bintara,
anuju ing dina Isnen,
para wali angumpul,
pra pandhita ngulama mupti,
kukuma pra pukaha,
sulaka gung-agung,
pangarsaning waliyulah,
Jeng Sinuhun Benang Kutuburabani,
anenggih Gosulngalam.

22. Nulya Kangjeng Sinuhun ing Giri,
walikutub rabani aotad,

236