Halaman:Babad Jaka Tingkir, Babad Pajang.pdf/237

Dari Wikisumber bahasa Indonesia, perpustakaan bebas
Halaman ini tervalidasi

sami angela-eia,
mring sang rajasunu,
myang sagunging pra sentana,
sadaya pan sami enget mring waweling
ira Sri Brawijaya.

16. Nguni kinen amomonga sami,
aja na kang darbe tyas nalimpang,
mring rajaputra kalihe,
pinoma-poma tuhu,
pepacuhan denira titip,
Sang Prabu Brawijaya,
mring kang kari pungkur,
kuneng ing alama-lama,
kang cinatur prameswari Dwarawati,
wus sanget sepuhira.

17. lami-lami ratu Dwarawati,
nandhang gerah prapteng sedanira,
tan kawarneng reroncene,
layon sinare sampun,
nenggih wonten Karangkemuning,
sagunging putra wayah,
ingkang sami kantun,
samya memule tilawat,
Kur'an tuwin maca tasbeh lawan takmid,
tahlil miwah istipa,

18. Wus mangkana ing alami-lami,
kawuwusa nagari ing Demak,
kalangkung gemah harjane,
satanah Jawa suyud,
para nata para dipati,
kang tebih-tebih samya,
amoncapraja gung,
sami sumuyud sadaya,
marang Kangjeng Panembahan Bintareki,

235